Contoh Ikrar Syawalan Bahasa Jawa

Posted by Unknown Sabtu, 17 Agustus 2013 0 komentar
Contoh Ikrar Syawalan Bahasa Jawa
Bismillahirrohmannirorhomim

      Assalamu’alaikum Wr. Wb.
Dhumateng panjenenganipun bpk/ibu ………………………….……….ingkang kawula hormati
 para rawuh, tamu undangan, para pinisepuh keluarga besar ........... ingkang kawula hormati.

Langkung rumiyin monggo kito sesarengan ngaturaken raos puji syukur wonten ngarsanipun Alloh SWT, ingkang sampun paring kenikmatan saha kawilujengan dhumateng kito sedaya saenggo saget ngrawuhi Halal Bi Halal Keluarga besar.................... wonten ing mriki.

Ingkang saklajengipun nyuwun sewu, monggo kanthi manah suci, soho ikhlas ing penggalih, kito sesarengan ngikrar aken syawalan meniko. Sak mangkeh kawulo waos, lajeng sak mangkeh  dipun tirakaken  kanthi sesarengan.

Bismillahirrohmanirrohim

Kamulo matur  dhumateng para rawuh sedoyo, boten kesupen ngaturaken sugeng Riyadi Idul Fitri. Selajengipun kanthi andhap asor ing manah kawulo nyuwun agung ing pangapunten, awit sedoyo kalepatan dhumateng panjenengan sedoyo.

Kosok wangsulipun, mbok bilih panjenengan sedoyo nggadahi kalepatan dhumateng kawulo, kanthi tulus ikhlas ing manah kawulo caos pangapunten, dhumateng panjenengan sedoyo. Mugi-mugi gusti Alloh tansah paring pangapunten dhumateng kito sedoyo, lan nampi sedoyo amal kesaenan kita sedoyo. Amin3x yaa Robbal ‘alamin.

Maturnuwun.        Wassalamualaikum wr wb

TERIMA KASIH ATAS KUNJUNGAN SAUDARA
Judul: Contoh Ikrar Syawalan Bahasa Jawa
Ditulis oleh Unknown
Rating Blog 5 dari 5
Semoga artikel ini bermanfaat bagi saudara. Jika ingin mengutip, baik itu sebagian atau keseluruhan dari isi artikel ini harap menyertakan link dofollow ke http://alqurandigitaljogja.blogspot.com/2013/08/contoh-ikrar-syawalan-bahasa-jawa_17.html. Terima kasih sudah singgah membaca artikel ini.

0 komentar:

Posting Komentar

sprei support ari - Original design by ari | Copyright of AL QURAN DIGITAL.